tugas akhir kd.1 kls TKR.A

Selasa, 30 Agustus 2011
Mesir Kepranan Sistem Pendidikan Indonesia
            Menteri Pendidikan Mesir Yousri Saber Hussein El Gamal kepranan karo sistem  desentralisasi pendidikan kang ditrapake Indonesia. Yousri kang nganakake sapatemon karo Menteri Pendidikan Nasional Bambang Sudibyo ing gedhong Depdiknas , Selasa (21/8/07) mratelakake nedya nyonto sistem pendidikan mau kanggo dicakake ing Mesir. Marang Yousri , Bambang nerangake yen sistem wajib belajar ing  Indonesia saiki dudu tanggung jawabe Depdiknas Pusat nanging Depdeknas daerah.
            Bambang nambahake, sistem desentralisasi mau dicakake kanthi cara ngedum porsi wulangan 15 persen marang Departemen Agama. Kanthi mangkono Departemen Agama melu duwe hak menehi porsi pendidikan agama lan keagamaan. Suwalike Depdiknas uga entuk kalodhangan sing  padha kanggo ngetrapake sistem pendidikan. Bab kuwi cundhuk karo sing digarisake ing Undang-Undang Sikdiknas Taun 2003.

Huruf  kang warnanipun cemeng lan dipun garis bawah inggih menika lajering utawa pokok-pokokipun pawarta " Mesir Kepranan Sistem Pendidikan Indonesia ".

0 komentar:

Posting Komentar